Piranti-Piranti Ing Gamelan

 1.      Gong

 


Gong iku salah siji piranti gamelan Jawa sing ditabuh, digawé saka tosan lan nduwé ukuran sing gedhé dhéwé. Piranti iki biasané papané ing mburi dhéwé, digantung ing palang sing umum digawé saka kayu ukuran gedhé. Wujudé bunder, gedhé, rada cekung, kanthi garis tengah 1 méter,lan permukaané rata ning ana tonjolan ing tengah-tengah.Gong nduwé swara sing gedhé dhéwé lan nadhané paling asor tinimbang nadha piranti gamelan liyané.

Gong ditabuh kanggo awèh tekanan ing bagéyan tinentu (umumé akir) iringan musik gamelan, dadi arang banget ditabuh (ora terus-terusan) ning ditabuh ing selang wektu tinentu.

Prangkat musik tradhisional iki saiki nduwé fungsi liya yaiki kanggo tandha paresmian utawa pambukaan acara. Ana loro jenis gong yaiku: gong ageng lan gong suwuk. Saben laras sléndro lan pelog nduwéni telung sèt gong.Gong Gedhé kang cacahé loro lan siji gong suwukan

Gong ageng iku salah siji perangkat gamelan Jawa kang ditabuh lan kang gedhé dhéwé ukurane, diametere antara 80 nganti 100 cm utawa sakiwa-tengené 24 inci. Gong ageng uga gong suwuk iku racaké diso'ake/digantung ing pérangan mburi. Wujud gong ageng padha karo gong racaké ya iku bunder. Sing béda ukuran gong ageng iki gedhé dhéwé, lumahé rata ning ana tonjolan ing tengah-tengah. Ing gambar, gong ageng iku kang warnané radha ireng. Gong ageng iki nduwé nada paling cendhèk katandhing swara piranti gamelan liyané uga kang paling jarang ditabuh ning kang paling wigati.

Gong Suwuk utawa siyem iku salah siji perangkat gamelan Jawa kang ditabuh lan nduwé ukuran kang gedhé dhéwé sawisé gong ageng, diametere antara 50 nganti 60 cm. Gong suwuk iku racaké diso'ake/digantung ing pérangan mburi bareng karo gong ageng. Wujud gong suwuk iki padha persis karo gong ageng ning luwih cilik. Ing gambar, gong ageng iku kang warnané luwih cetha/kuning. Gong suwuk iki nduwé nada luwih dhuwur katandhing gong ageng, ya iku kanthi nadha 2 (loro) gedhé.

 

2. Saron

 

 

Saron iku salah siji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Saron iku diso'ake langsung ing wilah kayu ing loro sisi ngisore. Saron bentuké kaya lèmpèngan emas kang disusun ing kayu. Saben lèmpèngan nduwèni titilaras kang béda.

Wujud wilah saron iki meh padha karo wilah gambang, bedane nek wilah saron digawe saka logam (umume sing apik perunggu), nek wilah gambang digawe saka kayu. Tabuh saron digawe saka kayu sing rada empuk, wujude kaya palu. Wilah saron ana 7, masing-masing dawane sekitar 20 cm.Ana 3 jinis saron yaiku:

Saron panerus iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Saron panerus iku diso'ake langsung ing wilah kayu ing loro sisi ngisore. Ing laras slendro, saron panerus diarani Peking.Iki jinis saron sing paling cilik saka bentuk balungan liyané yaiku saron lan demung. Ana 2 jinis saron panerus yaiku pelog panerus lan slendro panerus. 2 jinis piranti panerus iki nduwé laras béda-béda. Penabuhé luwih cilik tinimbang penabuh saron liyané, sing apik digawe saka sungu kebo.Wilah saron panerus iki luwih cilik tinimbang saron barung lan demung nanging wilahé luwih kandel. Wilah sing luwih dhuwur swarané, ukurané luwih cilik. Wilah saron panerus uga ana 7, sing paling cilik dawané watara 18 cm lan amba 4 cm.Saron panerus nduwé swara luwih dhuwur sak oktaf dibandingaké karo saron barung.Cara nabuh saron panerus kuwi béda karo carané nabuh saron lan demung, yaiku tikel loro saka tabuhan saron lan demung.

Saron barung iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh lan mlebu kelompok piranti saron.Iki jinis saron tengah-tengah yaiku antara peking lan demung. Ana 2 jinis saron panerus yaiku pelog barung lan slendro barung. 2 jinis piranti panerus iki nduwe laras beda-beda.Wilah saron barung iki luwih gedhe dibanding saron panerus ning luwih cilik dibanding saron demung. Wilah sing luwih dhuwur swarane, ukurane luwih cilik. Wilah saron panerus uga ana 7.Saron barung nduwe swara luwih dhuwur se oktaf dibanding saron demung.

Saron demung utawa asring disebut demung iku salah sawijining piranti gamelan Jawa sing ditabuh lan mlebu kelompok piranti saron.Iki jinis saron paling gedhé ukuranè, sing paling cilik peking sing tengah-tengah saron barung tembè demung. Ana 2 jinis saron demung yaiku pelog demung lan slendro demung. 2 jinis piranti panerus iki ndhuwe laras beda-beda.Wilah saron demung iki paling gedhè ing kelompok saron ukurane kira-kira 35,5 Cm dawa lan ambanè 9 Cm.Saron demung ndhuwé swara paling rendah ing kelompok saron.


Saron panerus

Saron barung

Saron demung



3. Bonang

 

Bonang iku salah siji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Bonang iku diso'ake langsung ing wilah kayu lan diayun ing loro sisi ngisore.

Wujud bonang iki meh padha kempyang ning tonjolan ing tengahe luwih dhuwur. Tabuh bonang digawe saka kayu sing rada empuk, wujude dawa, ing salah siji pucuke rada gedhe tinimbang pucuk liyane, lan ing pucuk kang gedhe iku diblebet tali. Ing grobogan utawa rancak, bonang iku ditata dadi rong baris masing-masing ana 7, dadi cacahe kabeh ana 14 ning kadang uga ana sing 12.

Kethuk, kempyang, kenong lan bonang iki sejatine termasuk jinis gong ning gong sing disokake kaya ing ayunan, ora digantung kaya gong ageng, gong suwukan lan kempul.Ana 2 jinis bonang yaiku:

Bonang Barung yaiku salah sawijiné bageyan perangkat Gamelan Jawa kang duwèni bentuk pencu banjur diarani bentuk Pencon. Bonang Barung ing Gamelan Jawa duwé laras Sléndro lan Pélog. Laras Sléndro wilahé ana 12 cacahé, banjur kang Laras Pélog wilahé ana 14 cacahé. Bonang Barung manggone ing Rancakan saka kayu kang bentuké kaya ambèn. Pencon kuwi mau ditata ing rancakan ditumpangaké ing tali kang diarani Pluntur.Bonang Barung ditabuh nganggo kayu kang cacahé 2, kayu kuwi mau sing bageyan dhuwur diblebet nganggo Kain lan pluntur. Cara nabuh bonang kuwi ana akèh pola tabuhané, yaiku pola tabuhan Gembyang, Mipil, Imbal, Sekaran, Klénangan, lan liya-liyané.Bonang Barung kuwi gunané kanggo mbukani Gendhing. Sakliyané kuwi, Bonang Barung uga bisa kanggo nuntun alur Gendhing. Khusus ing pola Mipil, Bonang barung kuwi bisa kanggo nuntun Instrumen liyané. Bonang Barung ora bisa dadi lagu penuntun, nanging kolaborasi karo Bonang penerus gawé pola lagu lan ing aksèn-aksèn penting bonang gawé Sekaran kang biasané ana ing akhir kalimat lagu.Bonang kuwi ana sing kagawé saka wesi lan uga ana sing kagawé saka Tembaga (Perunggu). Kang kagawé saka wesi kuwi biasané regané luwih murah tinimbang sing kagawé saka Tembaga. Kuwi mau amarga yèn wesi kuwi ora nganggo campuran apa-apa. Nanging yèn Tembaga kuwi nganggo campuran, campurané yaiku 7/3. 7/3 kuwi maksuté, 7 kanggo ukuran Tembaga lan 3 kanggo ukuran wesi. Sakliyané kuwi uga cara gawéné kang luwih angèl tinimbang sing saka wesi murni.

Bonang panerus utawa Bonang penerus yaiku salah sawijining perangkat Gamelan Jawa kang duwèni bentuk pencu banjur diarani bentuk Pencon. Bonang panerus ing Gamelan Jawa duwé laras sléndra lan Pélog padha karo Bonang barung. Laras sléndra wilahé ana 12 cacahé, banjur kang laras pélog wilahé ana 14 cacahé. Bonang panerus uga manggon ing Rancakan saka kayu kang bentuké kaya ambèn. Kang mbédakaké antarané Bonang panerus lan Bonang barung yaiku ukuran gedhé lan ciliké pencon, yèn Bonang penerus kuwi penconé cilik banjur yèn barung kuwi luwih gedhé saka Bonang panerus. Piranti kang dinggo nabuh uga padha karo Bonang barung, yaiku kayu kang cacahé loro kang pucuké diblebet ngaggo kain lan Pluntur.Bonang panerus iki cara nabuhé padha karo Bonang barung, yaiku nganggo cara Mipil, Imbal, Sekaran, Klénangan, Gembyang, lan liya-liyane. Bonang iki nabuhé ngetutaké Bonang barung, lan nerusaké alur Gendhing kang digawé Bonang Barung. Lan uga nganggo sekaran kang témponé luwih cepet tinimbang Bonang Barung. Mung bédané yaiku Bonang Penerus ora bisa kanggo mbukani gendhing.Bonang kuwi ana sing kagawé saka wesi lan uga ana sing kagawé saka Tembaga (Perunggu). Kang kagawé saka wesi kuwi biasané regané luwih murah tinimbang sing kagawé saka Tembaga. Kuwi mau amarga yèn wesi kuwi ora nganggo campuran apa-apa. Nanging yèn Tembaga kuwi nganggo campuran, campurané yaiku 7/3. 7/3 kuwi maksuté, 7 kanggo ukuran Tembaga lan 3 kanggo ukuran wesi. Sakliyané kuwi uga cara gawéné kang luwih angèl tinimbang sing saka wesi murni.

 

 

Bonang Barung


Bonang Panerus


4. Kendhang

 


 

Kendhang iku salah sijining piranti gamelan Jawa sing ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan karo driji, dadi ora nganggo tabuh. Ing musik modhèrn, piranti iki digolongaké piranti perkusi. Kendhang disèlèhaké ing wadhah panyangga saka kayu sing wujudé mèmper huruf Y. Kendhang ing musik gamelan fungsiné kanggo mimpin lan ngarahaké musik. Kendhang nduwèni jinis lan ukuran kang werna-werna. Ukurané kendhang antarané 20 cm nganti 45 cm. Kendhang bentuké kaya drum lan dimainaké kanthi cara ditabuh.

Wujudé mèh silindher, simetris, ing salah siji sisih rada gedhé tinimbang sisih lawané. Bagéyan sing luwih gedhé umumé disèlèhaké ing tengening panabuh. Kendhang iki ukurané luwih cilik tinimbang bedhug.

Ana 4 jinis kendhang sing umum dienggo ing gamelan yaiku: (urutan saka sing paling gedhé ukurané) Kendhang gendhing utawa kendhang ageng, nduwé nadha swara paling cendhèk,Kendhang wayangan, Kendhang batangan utawa ciblon, Kendhang ketipung, nduwé nadha swara paling dhuwur

Piranti gamelan iki fungsiné kanggo ngatur irama utamané yèn arep ngowahi irama uga kanggo ngatur tempo musik supaya ajeg. Kendhang uga sok kanggo tengeran babak-babak ing reroncèn musik gamelan lan ing pérangan akir utawa panutup swara suwukan.

 

 

5. Gambang


Gambang iku salahsiji perangkat gamelan Jawa, lan gamelan Bali uga ing instrumèn musik liya kayadéné kulintang, sing digawé saka wilah-wilah kayu sing umumé cacah 17 nganti 21 wilah. Wilah-wilah kayu kasebut ditumpangaké ing sadhuwuring kothak pesagi dawa sing gunané kanggo résonansi (nggedhèkaké swara). Kanggo njaga supaya wilah-wilah mau ora nèmpèl siji lan sijiné, wilah-wilah dipasang ing sadhuwuring kothak nganggo paku sing dilebokaké ing bolongan sing cacahé loro saben wilah.

Wujud gambang iki amèh padha saron ning luwih gede lan wilahe digawe saka kayu sing atos banget. jaman mbiyen ana gambang gangsa, sing wilahe digawe saka tosan utawa logam ning saiki wis ora ana maneh. Ukuran wilah gambang antara 29 Cm nganti 58 Cm, sing ukurane luwih gede iku nduwe nada swara luwih rendah, kabeh cacahe ana 19 utawa 20 wilah.Tabuh gambang luwih dawa tinimbang piranti tabuh gamelan liyane yaiku kira-kira 35 Cm.


6. Kempul

 

Kempul iku salah sijine perangkat gamelan Jawa sing ditabuh kanthi cara digantung kaya umume perangkat gong. Kempul iki cacahé gumantung saka larasé (pelog lan slendro, nanging kadhang kala ora komplit. Saben laras sléndro lan pelog nduwéni 6 utawa 10 kempul.

Bentuké kaya gong nanging ukuran luwih cilik, rainé rata lan bagian tengah ana pêncuné, ukuran diameter umum kira-kira 45 cm.

Kempul ngeto'ake swara sing luwih dhuwur tinimbang gong, kempul sing ukurane luwih cilik swarane luwih dhuwur maneh.

 

7. Slenthem

 


 

Slenthem iku salah siji piranti gamelan Jawa sing ditabuh. Slenthem iku disokaké ing panggon sing fungsiné kaya ayunan lan ing ngisoré ana tabung utawa silinder kanggo ngetokaké gema swarané.

Miturut konstruksiné, slenthem iku kalebu kaluwarga gendér; utawa dijenengi gendér panembung. Nanging slenthem duweni bilah padha karo bilah saron; Slenthem oktafé paling ngisor yen ing klompok instrumen saron. Kaya demung lan saron barung, slenthem mainake lagu balungan karo wilah sing terbatas.

Wujud slenthem iki meh padha karo gendér. Ananging gedhe wilahé luwih gedhe tinimbang gendér. Arupa lèmpèngan kuningan utawa wesi kang nduwéni titilaras. Lémpéngan iki kabentuk kanthi resonansi pring kanggo mbanteraké swara.


8. Rebab

 


 

Rebab iku piranti kang nyuwara saka ginèsèké senar lan arco.Piranti iki dinuga asli Arab. uga sinebut rebap, rabab, rebeb, rababah, utawa al-rababa sumebar kanthi sesebutan iku paling ora saka abad angka 8. Piranti iki sumebar liwat para dagang sing bebadra ing Afrika Lor, Timur Tengah, sapèrangan Éropah, lan Timur Jauh. Sawetara jinis migunakaké landheyan ing sisih ngisor kanggo pancadan lemah. Ana uga jinis sing dipetik kaya ta kabuli rebab (ana kalané karan robab utawa rubab).

Rebab, senajang disenengi amarga swarané, nanging titi larasé ora bisa dhuwur lan saiki ing Arab wis akèh diganti nganggo piyul.

Ing Éropa Kulon, rebab kawanuhaké bebarangan karo tumungkulé Spanyol déning bangsa Moor, ing Ujung Iberia. Nanging, ana bukti manawa piranti musik iki kinawruhan ing abad ke-9 ing Éropah Wétan: ahli géografi Pèrsi abad ke-9 Ibnu Khurradadhbih ngutip lira Bizantium (utawa lūrā) kanthi sesebutan piranti musik gandhèwa khas Bizantium lan mèmper karo rabāb Arab. Rebab iku salah sawijiné racikan gamelan kang cara nabuhe utawa ngunekake kanthi digesek. Rebab iku piranti musik saka Arab/Timur Tengah. Nanging saiki rebab wis ora asing ing tlatah Jawa. Saiki rebab wis asring kanggo ngiringi gendhing-gendhing Jawa, nalika pentas wayang, kethoprak, lan ing langgam-langgam.

Wujude instrumen kawat kabel kanthi rong kabel dilapisi ing watu kayu kanthi awak berbentuk ati sing ditutupi dening membran (kulit tipis) saka dodo sapi. Minangka salah sawijining instrumen utama, rebab diakoni minangka pimpinan lagu ing ensembles, utamane ing gaya ngilo. Ing paling gendhing-rendhing, rebab nduweni pambuka gendhing, nemtokake gendhing, laras, lan pathet sing bakal diputer. Wilayah nada rebab nyakup ukuran apa wae gendhing. Dadi aliran lagu rebab menehi petunjuk sing jelas ing path gendhing.Pada lagu gendhing.Pada  biasane gendhing, rebab uga menehi  pituduh musik kanggo gamelan kanggo ngalih saka siji bagean liyane.

 

  9. Gendèr

 


 

Gendèr iku salah siji piranti gamelan Jawa. Gendèr ing gamelan sléndro nduwèni 11-12 wilah sing tipis lan digawé saka logam, menawa ana ing gamelan pélog nduwèni 12-13 wilah, nanging ana uga gendèr sing mung nduwèni 7 wilah. Wilah-wilah iku ditata ana ing tali kang dipasang ing kayu kang ana ing kiwa tengené. Ana ing sangisoré wilah-wilah mau dipasang bumbung, kang gunané kanggo kothak swara. Bumbung-bumbung iku dikethok kanthi ukuran manéka rupa. Kanggo nadha sing paling ngisor, bumbungé utawa pringé dikethok sing paling ngisor rosé. Kanggo nadha sing luwih dhuwur dikethokaké pring utawa bumbung sing luwih dhuwur.

Piranti sing kanggo nabuh utawa tabuh gendèr biasané luwih cendhèk ketimbang gambang sing digawé saka kayu. Instrumèn gendèr ditabuh nganggo tabuh sing wujudé bundher (dilapisi nganggo kain) kanthi cekelan sing cendhak.

Carané nyekel gendèr yaiku antarané driji tuding karo driji tengah. Driji-driji saka tangan tengen utawa tangan kiwa dienggo mithet utawa ngemèk wilah kuwi, supaya swarané mandheg.

Ana ing pakeliran wayang, gendèr digunakaké kanggo ngiringi crita, dialog utawa gunem antarané tokoh utawa paraga wayang. Gendèr yaiku salah siji ricikan gamelan sing fungsiné kanggo instrumén mélodi. Anané gendèr ing péntas gamelan kalebu wigati. Ing pagelaran wayang kulit ricikan gamelan gendèr nduwèni fungsi kanggo nguripaké swasana, nuntun dhalang. Ing pagelaran wayang, panabuh gendèr nduwèni peran kang utama, kudu nabuh instrumèn sing ora tau mandheg sawengi muput.

Jenise gendèr kapérang dadi telu, yaiku :Gendèr penembung yaiku gendèr sing paling gedhé,Gendèr barung, nduwèni wilah logam utawa métal sing ukurané sedhengan lan titi nadhané saoktaf luwih cilik ketimbang gendèr penerus,Gendèr penerus, nduwèni wilah sing paling cilik lan titi nadhané saoktaf luwih dhuwur ketimbang gendèr barung.

 

 

10. Kenong

 

 

Kenong minangka jinis instrumen gong kayata horisontal, disapu ing tali sing digawe ing pigura kayu. Ing ngeklik struktur gendhing, kenong minangka instrument paling penting kaping kalih sasampunipun gong. Kenong ngeculake gongan dadi loro utawa papat ukara kenong. Saliyane nggayutake struktur gendhing, nada kenong uga digandhengake karo gendhing; dheweke bisa muter nada sing padha karo nada balungan; Dheweke uga ndhisiki nada balungan sakwise nuntun gendhing; utawa bisa muter nada kempyung siji kanthi nada  balungan, kanggo ndhukung rasa  pathet. Ing kenongan cepet, ing ayaka yakan, srepegan, lan sampak, kenong beats ngarahake aliran gendhing gendhing-gendhing kasebut. Kethuk sami kaliyan kenong, fungsiipun sami kaliyan kenong. Kethuk lan kenong tansah main interweaving, beda ing irama muter  piyambak.

 

11. Suling




Liyane instrumen gamelan sing uga dienggo minangka lagu pangrengga sing disuling. Instrumen iki digawe saka wuluh utawa bambu paralon sing diwenehi bolongan minangka nada utawa determinant laras. Ing salah siji mburi sisih kang ing lambé inflatable gawan ing lapisan diwenehi disebut tutup jamangan sing serves kanggo saluran udhara, nyebabake ing getaran online sing nimbulaké gangguan utawa sistem swara inflatable ring ing cara iki. Ing tradisi musisi, suling ana rong jinis, yaiku wangun sing laras suling Slendro wis papat bolongan sing meh equidistant, nalika laras  pelog lima bolongan karo beda jarak. Ana uga suling mawa enem bolongan sing bisa digunakake kanggo pelog lan Slendro barel.



Piranti-Piranti Ing Gamelan Piranti-Piranti Ing Gamelan Reviewed by Marcus on September 06, 2021 Rating: 5

Tidak ada komentar