Geguritan : Artine, Jenis, lan Struktur

A.    RINGKESAN PIWUCALAN

Geguritan : yaiku salah sijining karya sastra jawa ingkang kawujud saking rasa ing ati kang diungkapaken kaliyan penyair ngagem bahasa ingkang gadah irama , rima , mitra , bait lan penyusan lirik kang gadah arti utawa makna wonten ing lirik geguritan.

Geguritan utawi guritan aslinipun saking tembung lingga gurit, tegesipun :

11.  Tulisan ingkang awujud tatahan

22.   Kidung utawi tembang

 

B.    JINISIPUN GEGURITAN

Geguritan jinisipun wonten kalih :

1- Geguritan gagrak lawas / Klasik / Tradisional

Geguritan menika ngginakaken basa jawa  kina lan kapérang wonten ing pupuh–pupuh tembang, kawengku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Geguritan menika ugi kalebet golonganipun tembang utawi lelagon kang ngangge Purwakanti guru-swara.

Tuladha geguritan tradhisional :

 

Gusti…

Dalem namung tiyang kang lemah

Kang boten saged mlampah piyambak

Gusti…

Dalem namung tiyang ingkang gampil gripil

Tansah kegoda kesenengan donya

Gusti…

Hamung siji panyuwunku

Tuntun dalem wonten ing margi kang padhang gusti

Duh Gusti…

 

Paugeranipun geguritan gagrak lawas ingkang sampurno inggih punika:

a1.    Cacahipun gatra mboten ajeg , nanging lumrahipun sakedhikipun wonten sekawan gatra.

b2.   Cacah wandanipun gatra satunggal lan satunggalipun tetep sami

c3.    Dong-ding utawi guru lagunipun sedaya manggen wonten wekasipun gatra runtut inggih punika ngangge purwakanti guru swara.

d4. Sangajengipun ukara (gatra) ingkang kawiwitan ngangge bebuka “sun gegurit” nanging mboten ateges saben pada/bait wonten tembungipun “sun gegurit”. Tembungipun “sun gegurit” naming wonten nginggil piyambak.

Tuladha:

Sun gegurit,

Wateke wong kampung jati

Bekti marang yayah wibi

Setya marang sakeh janji

 

2. Geguritan gagrak anyar / Modern

Geguritan gagrag anyar ngginakakén basa Jawa jaman samenika lan dipunserat ngangge aksara latin, lan sampun ngginakakén kertas/ dluwang. Geguritan gagrag anyar mboten kapérang wonten ing pupuh–pupuh tembang lan mboten ngangge tembung “sun gegurit”, sampun mboten kawengku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan, pramila jinising geguritan gagrag anyar menika saged dipunwastani puisi Jawa bebas / geguritan.

Paugeranipun geguritan gagrakan anyar ingkang sampurno inggih punika:

a1.    Cacahe gatra bebas cacahipun.

b2.   Cacahe pada mboten diwatesi.

c3.    Ora kaiket wewaton guru lagu lan guru wilangan.

d4.   Luwih nengenake babagan isine kang mentes, apik, endah, lan uga becik.

e5.   Ora kudu migunakake tembung Sun gegurit.

f.    Basane migunakake basa jawa modern.

g6.   Isine pitutur, kritik, protes, sindiran, pangresah, pamundhut, lsp.

    Jenis Geguritan Modern : 


Himne        : yaiku geguritan kang surasane babagan pangalembono marang Gusti.

Ode       : yaiku geguritan kang surasane babagan pangalembono marang wong liyo, negara, lan apa dene kang dianggep luhur.

Epigram   :  yaiku geguritan kang surasane babagan piwulang-piwulang moral, nilai hidup kang becil lan bener.

Satire       : yaiku geguritan kang surasane ngenyek utawa ngece kanthi kasar lan landhep.

Romansa : yaiku geguritan kang surasane babagan katresnan. 

Elegi        : yaiku geguritan kang surasane babagan panalongso.

Balada     : yaiku geguritan kang surasane babagan cerita utawa lakn kang nyoto utawa mung lamunane pujangga.

Struktur geguritan à Unsur-unsur kang kinandhut ana sajroning geguritan diarani unsur batin.

 

Sing klebu ing struktur geguritan : (Struktur Fisik)

1. Pinilihing Tembung / Diksi à Tembung sing ana ing geguritan biasane duwe teges konotatif, asipat polisemi, lan nduweni teges rowa (abstrak >> bisa ngasilake imajinasi kang manjila.
2. Majas / Gaya Bahasa / Lelewaning Basa à Bisa nambahi grengsenge geguritan
3. Rima / Sajak / Persamaan Bunyi à persamaan bunyi kanggo nyiptakake kaendahan lan kekuatan sawijining geguritan.
4. Tipografi à Larik-larik / gatraning geguritan geguritan kang tinulis mawa pada utawa bait. Bab kuwi kang mbedakake antaraning geguritan lan gancaran.

 

Unsur-unsur ing sajroning geguritan : (Struktur Batin)

1. Tema à  tegese punjeraning bab kang ndadekake geguritan kuwi dumadi.

Utawa gagasan pokok kang dikarepake panulis/penyair>> Sosial, Moral, Agama, Kepahlawanan.

2. Rasa pangrasa à  Tembung-tembung kang dianggo ana sajroning geguritan nduweni teges lan nduweni fungsi kanggo manjilmakake rasa-pangrasa. Rasa- pangrasa kuwi nduwe sipat rowa lan kompleks>> sedhih, seneng, kangen, gumun, lan simpati.

3. Nada / Lagu à Tegese patrap (sikap) sing digunakake ana sajroning geguritan >> Ngguroni, nuturi, ngenyek, muji, nyemoni.

4. Swasana à Tegese kahanane batin/jiwa pamaos sawise maca geguritan. >> duwe tujuan mbangun swasana batin pamaos geguritan.

5. Amanat / Pesen à Tegese bab kang pengen diwedharake penyair/panulis marang pamaos. Amanat kuwi ora tinulis kanthi terang trawaca ananging sinandhi ana pangrakiting tembung-tembung.

 

Tuladha :

Getih-getih Tumetes

Getih-getih abang ngatirah,

Tumetes sajroning lemah,

Dadha jangga tinembus mimis,

Bangke gumlethak ngganda amis,

 

Swara ocehe manuk gagak,

Lan kumlebete gendera setengah cagak,

Pawehe peling lan pakurmatan,

Marang para pejuang kang sowan ing kasidan,

 

Getih-getih abang kang muncrat saka dhadha,

Iku tembus dening mimis senjata angkara,

Lan slempange gendera abang putih,

Minangka seksi kang sedhih,

 

Yen pejuang 45 wis melu andhil,

Senajan maju tawur tanpa bedhil,

Iki mbuktekake yen tresna bangsa lan nagara,

Tanpa pamrih senajan uripe papa cintraka,

 

Apa wis kok cathet dadi sejarah?

Katulis nganggo getih lan nanah,

Apa nganggo mangsi emas?

Kang luwih aji lan bregas,

Ahh..ora perlu kadang,

Ora perlu kakang,

Aja kok tulis sajroning kertas garis,

Kang mujudake cathetan lamis,

Aja...!

Tenan aja...

 

Mung cathetan bae kanggo kidunge ati,

Yen bangke-bangke mau rabuke pahlawan sejati,

Lan getih-getih abang terus tumetes mili,

Netesi bumi pertiwi,

Pathok-pathok iku,

Panggah-panggah bisu,

Minangka seksi,

Yen urip iki bakal mati,

Nanging tumetese getih terus mili sajroning dhadha,

Para mudha kang nyidham kamardikaning nagara...

 


loading...
loading...
Geguritan : Artine, Jenis, lan Struktur Geguritan : Artine, Jenis, lan Struktur Reviewed by Marcus on September 02, 2020 Rating: 5

1 komentar